Jumat, 20 Mei 2011

Pentinge Ngangsu Kawruh

Ing mancanegara, Indonesia pancen dikenal amarga kahanan tetanduran lan lemahe ingkang subur ketambahan masyarakat sing saling tepa seliro. Nanging anane kahanan sing serba kapenak iki malah banjur dadekake masyarakate males kerjo, amarga kabeh kabutuhan sandang, pangan lan papan lumrahe uwis cumepak diibaratke ‘kari njupuk ning omahe dewe’. Opo maneh masyarakat sing manggon ana ing sajroning padusunan, deweke mesti luwih mentingke kabutuhan ingkang kacukupan, ketimbang ngakon anak-anake sing isih cilik sinau lan sakmestine sekolah , bocah-bocah kui banjur dikon golek duit, lumrahe bocah-bocah kui podo ngamen turut prapatan dalan lan ning nge-bis. Kahanan iki wis wis lumrah lan gawe miris ati, padahal bocah-bocah umur semono kudune sekolah lan durung mikir kerjo. Sakjane ngangsu kawruh ning sekolahan iki utamane ora mung dinggo golek kanca lan iso moco tulis, nanging ning pendidikan formal kaya dene sekolahan iku bisa ngajarke tata krama, unggah-ungguh, lan iso mbuka pikiran dening kahanan sekitar sing duweni akeh permasalahan, ndadekake wong-wong ingkang duweni pamikiran sing wis ora cupet maneh.

Urip ning jaman modern kaya saiki persaingan kanggo golek kerjo pancen angel banget, akeh wong-wong lulusan perguruan tinggi lan nyandang gelar Sarjana wae podo mung kerja serabutan ora pas karo pangarepane. Sanadjan nasib uga melu nemtukake garis uripe satunggaling wong, nanging ora ana salahe umpama pendidikan dinggo bekal kanggo golek pakaryan ingkang becik, amarga kabeh pakaryan lumrahe mesti butuhake keahlian utawa ijazah resmi. Ijazah iki sing berhak gawe yaiku sekolahan utawa lembaga pendidikan formal. Saiki wis lumayan akeh sekolah gratis dinggo wong-wong cilik sing uripe pas-pasan, dadi ora ana alesan gak iso nyekolahake anak opo maneh ana sing kandha “paribasan golek duit wae angel, kok ndadak nyekolahake anak mending yo dinggo mangan” paribasan iki ora pas, amarga cah cilik kui kewajibane pancen sekolah lan golek kawruh lan wong tuane ingkang nyukupi dening kabutuhane anak. Sanadjan akeh bocah-bocah ingkang melu kerjo bantu wong tuane iku ora masalah, angger deweke ora lali karo kewajiban utamane yaiku sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar